Sabtu, 18 Agustus 2012

KIDUNG ARTATI

1. Ono kidung reke sang artati
    sopo weruh reke araning wang
    duk ingsun ono ing ngere, miwah duk aneng gunung
    Kisamurto lan Kisamurti, ngalih aran ping tigo
    artodoyo tengsun, araningsun duk jejoko
    Ki Artati mangke araningsun ngalih
    sopo wruh araning wang

2. Sopo weruh kembang tepus kaki
    sesat weruh reke artdoyo
    tunggal pancer sak uripe, sopo weruh ing panuju
    sasat sugih pagere wesi, rinekso wang sajagat
    kang angidung iku, lamun dipun apaleno
    kidung iku den tutug podho sawengi
    adoh panggawe olo

3. Lawan rinekso dening Hyang widhi
    sakarsaning tinekan dening Hyang
    rinekso ing janmo kabeh, kang moco kang angrungu
    kang anyerat myang kang nyimpeni, yen ora biso moco
    simpen ono iku, temah ayu kang sariro
    lan rinekso dening Hyang

4. Kang sinedyo tenakan Hyang Widhi
    kang kinarsan dumadakan keno
    tur sinihan pangerane, nadyan tan weruh iku
    lamun nedyo mujo semedi, sesaji ing segoro
    dadyo ngumbo reku, dumadi sariro tunggal
    tunggal jatiswara awor ing artati
    aran sekar jenpiro

5. Somah iro ing aran penjari
    melu urip lawan melu pejah
    tan pisah ing saparane, pari purno satuhu
    anir molo waluyo jati, keno ing kene kono
    ing wasononipun, aje jaluk adi sukmo cahyo ening
    jumeneng aning artati, anom tan keno tuwo

6. Tigo lono kamulaneki
    nilo ening arane duk gesang
   duk mati layang sukmane, lan sukma ngumboreku
    ing asmoro mung rogo yekti, durung darbe peparab
   duk anome iku, awayah biso dedolan
    aran sang tyas jati hiyo sang artati
    ihyo sang artodoyo

7. Dadyo wiso mangkyo amartani
    lamun marto atemahan wiso
    marmo artodoyo rane, duk lagyo aning gunung
    ngalih aran Asmorojati, wayah tumekeng tuwo
    emut ibunipun, ni penjari lungo ngetan
    Ki Artati nurut gigiring merapi
    anulyo mring sundoro

8. Ono pandhito akaryo wangsit
    mindho kombang angajab ing tawang
    susuh angin ngendi nggone, lawan galihing kangkung
    wekasane langit jolodri, isining wuluh wuwang
    lan gegiring punglu, tapake kuntul anglayang
    manuk miber uluke ngungkuli langit
    kusumo njrah ing tawang

9. Ngampil banyu apikulan warih
    amek geni sarwi adedamar
    kodhok ngemuli elenge, miwah kang banyu den kum
    myang dahono murub kabesmi, Bumi pinethak ingkang
    pawono katiyub, tanggal pisan kapurnaman
    yen anenun sentek pisan anigasi
    kuda ngrap ing pandeyan

10. Ono kayu apurwo sawiji
      wit buono epang keblat papat
      agodhong mego rumembe, apradopo kekuwung
      kembang lintang salogo langit, sari andaru kilat
      woh suryo lan tengsu, asirap bun lawan udan
      apepuncak angkoso bungkah pratiwi
      oyote bayu bojro

11. Wiwitane dhuk nemu candhi
      gegendhongan miwah wewerangkan
      sih ing Hyang kabesmi kabeh
      tan ono janmo kang wruh, yen weruho purwane dadi
      candhi segoro wetan, ingobar karuhun
     kahyangane Sang Hyang Tunggal
     sopo reke kang jumeneg mung artati
     katon tengahing tawang

12. Gunung agung segoro sarandhil
      langit ingkang amengku bawano
      kaweruhono ing artine, gunung segoro umung
     guntur sirno kang mengku bumi, tuk kang langit bawono
     dadyo weruh iku, mulyo madyaning awiyat
     mangasromo ing gunung agung sabumi
     candhi candhi segoro

13. Gunung luhure kagiri giri
      segoro agung dho tanpo somo
      pan sampun kaweruhan reke, artodoyo uniku
      datan keno cinangkreng budi, nanging kang sampun prapto
      ing kawasanipun, angadeg tengahing jagad
      wetan kulon lor kidul ngadap menyang nginggil
      kapurbo kawiseso

14. Bumi segoro gunung myang kali
      sagung ingkang saisining bawono
      kasor ing artadayane, segoro sat kang gunung
      guntur sirno guwo samyo nir, sing awruh artadoyo
      dadyo teguh timbul, lan dadi paliyasing prah
      yen lelungan kang kapapag wedi asih
      sato galak suminggah

15. Jim peri prayangan podho wedi
      mendak asih sakehing drubekso
      rumekso siang dalune, sing anempuh lumpuh
      tan tumono ing awak mami, kang nedyo tan raharjo
      kabeh pan linebur, sakehe kang nedyo olo
      larut sirno kang nedyo becik basuki
      kang sinedyo waluyo

16. Siang dalu rinekso ing Widhi
      dinulur saking kerseng Hyang sukmo
      kaidep ing janmo kabeh, aran wikuning wiku
      wikang lir mudyo semedi, dadi sasedyo niro
      maunah linuhung, peparab Hyang Tegolono
      kang kasimpen yen tuwajah jruning ati
      kalis ing ponco boyo

17. Yen kinaryo atunggu wong sakit
       ejin setan datan wani ngambah
      rinekso Moloekat, Nabi Wali angepung
      sakeh loro padho sumingkir, ingkang nedyo pitenah
      marang awak ingsun, rinusak dening pangeran
      Eblis lanad sato moro moro mati
      tumpes tapi sadoyo.  

Jumat, 17 Agustus 2012

KIDUNG MONTROWEDHO / SALIRO AYU / KIDUNG RUMEKSO ING WENGI

1. ono kidung rumekso ing wengi
    teguh ayu luputo ingiro
    luputo bilahing kabeh, Jin Setan datan purun
    paneluhan tan ono wani, miwah panggawe olo
    gunane wong luput, geniatemahan tirto
    maling adoh tan wani ngarah mring mami
    guno dhudhuk pan sirno

2. Sakehing loro pan samyo bali
    sakeh ngomo pan samyo mirudho
    welas asih pandulune, sakehing brojo luput
    kadi kapuk tibane wesi, sakehing wiso towo
    sato galak lutut, kayu aeng lemah sangar
    songing landak guwane mung lemah miring
    myang pakiponing merak

3. Pagupaning warak sekalir
    nadyan arco myang sagoro asat
    temahan rahayu kabeh, apan sariro ayu
    ingideran sang Widodari, rinekso Moloekat
    sakathahing Rosul, pan dadi sariro tUNGGAL
    ati adem uteku Bagendho Esis
    pangucapku hyo Musa

4. Napasku Nabi Isa linuwih
    Nabi Yakub pamiyarsaing wang
    Yusup ing rupaku mangke, Nabi Dhawut swaraku
    Njeng Sulaiman Kasekten mami, Nabi Ibrahim nyowo
    Edris ing rambutku, Bagindo Ngali kulit ingwang
    Abubakar getih daging Umar singgih
    Balung Bagindo Usman

5. Sungsum ingsun Fatimah linuwih
    Siti Aminah bayuning  anggo
    Ayub ing ususku mangke, Nabi Nuh ing jejantung
    Nabi Yunus ing otot manmi, Netraku yo Muhkamad
    panduluku Rosul, pinayung Adam syoro
    sampun pepak sakathahing poro Nabi
    Dadyo sariro tunggal

6. Wiji sawiji mulane dadi
    Apan pencar saisining jagad
    kasamadan dening  dyate, kang moco kang angrungu
    kang anyerat kang anyimpeni, dadi ayuning badan
    kinaryo sesembur yen winacakno ing toyo
    kinaryo dus roro tuwo gelis krami
    wong edan nuli waras

7. Lamun ono wong kadhendo kaki
    wong kabondo wong kabotan utang
    yogyo wacanen den age, naliko tengah dalu
    ping sewelas wacanen singgih, luwar kang kebondo
    kang kadhendo wurung , aglis nuli sinauran
    mring hyang Sukmo kang utang puniko singgih
    kang agring nuli waras

8. Lamun arsotulus nandur pari
    puwarso sewengi sedino
    iderono gegalenge, wacanen kidung iku
    sakeh ngomo samio bali, yen siro lungo perang
    wateken ing sekul, antuko tigang pulukan
    mungsoh iro rep sirep tan ono wani
    rahayu ing payudan

9. Sing sopo Wonge biso nglakoni
    Amutiho lawan anowoo
    patang puluh dino whae, lan tangi wektu subuh
    lan den sabar sukuring ati, insya Allah tinekan
   sakarsane reku, tumrap sanak rayat iro
   saking sawabing ilmu pangiket mami
   dhuk aning Kalijogo